Miko

Cerpen Karangan:
Kategori: Cerpen Bahasa Jawa
Lolos moderasi pada: 15 June 2014

Aku nduwe kanca jenenge Miko. Miko umure udakara 14 taun padha karo umurku. Dedege gedhe dhuwur, praupane ireng manis memper selebritis. Miko putrane wong nduwe, mula saben dina mesthi diter lan dipapag rodha papat, beda karo aku sing budhal lan mulih mancal onthel.

Miko iku putrane wong nduwe, Bapake anggota DPR ing kutha kene dene ibune pegawe ing Dhinas Pendhidhikan dadi ing bab kebutuhan apa wae mesthi kacukupi. Beda karo aku sing mung anake wong tani, najan bapak lan ibuku tani nanging aku ora tau rumangsa minder. Gusti Allah iku adhil, aku diparingi kapinteran mula saben taun aku mesthi bisa juwara siji ing kelas. Bab kasebut iku sing njalari rakete kekancananku karo Miko, meh saben dina Miko sinau kelompok ing omahku, amarga dheweke ora tau ana kancane menawa sinau ing omah, Bapak lan ibune kondur sore tur ya wis kesel, dadi Miko ora tega yen arep ngganggu istirahate bapak lan ibune.

Esuk iki daksawang-sawang Miko katon sumringah banget, mudhun saka rodha papat mlakune sajak lunjak-lunjak.
“Geneya kancaku siji iki sajak seneng banget?” gunemku ing njero batin.
Ngerti aku sajak mesam-mesem nyawang dheweke, Miko banjur marani aku lan ngetokake Hp saka njero tas.
“To, delengen wingi aku dipundhutake bapak BB, seneng banget atiku.” Kandhane Miko karo nudhuhake Hpne.
“BB kuwi apa ta?” Kandhaku sajak ora ngerti.
“Pancen ndesa tenan awakmu ki To. BB iku blackberry. Hp sing apik dhewe, sing bisa kanggo BBM-an, Blackberry Messenger.” Jlentrehe Miko karo pethitha-pethithi.
Pancen ora nggumunake yen Miko ngerti samubarang prodhuk elektronik sing lagi trend jaman saiki, apa wae sing dijaluk dheweke mesthi bakal dipundhutake Bapake. Bab Hp sakjane ngono aku ya nduwe nanging Hp biasa, sing mung bisa kanggo nelpon lan sms, iku wae ora tau dakgawa menyang sekolahan mundhak ora konsentrasi anggonku sinau.

Theeeetttt… theeeet… theeeet swara bel muni kaping telu iku ateges mlebu jam pelajaran kapisan, siswa-siswa kudu age mlebu kelase dhewe-dhewe.
“Miko Hpmu ndang dititipake guru BK, banjur gage mlebu kelas!” piwelingku marang Miko, amarga sekolah wis menehi larangan marang para siswa menawa ora oleh nggawa Hp menyang sekolahan. Menawa kapeksa nggawa Hp kudu nduwe alasan sing kuat lan kudu dititipake marang guru BK. Menawa ana siswa sing ora naati tata tertib kasebut bisa kena sanksi.
“Ora prelu dititipake marang guru BK, aku isih seneng kok Hpku anyar mengko dakajari BBM-an awakmu.” Ujare Miko.
“Mengko yen konangan Pak guru bisa kena sanksi hlo, bisa-bisa Hp mu ora dibalekake tur wong tuamu ditimbali neng sekolahan.” Kandhaku rada seru.
“Tenang wae Hpku dakdelikake neng njero sepatu kok, Pak guru ora bakal ngerti!” Saurane Miko tanpa nggatekake pituturku.

Pelajaran jam kapisan, pelajaran Basa Jawa pelajaran kang paling daksenengi gurune ngganteng, sabar, lan gampang dimangerteni menawa nerangake. Sawise ndonga bebarengan pak guru ngelingake maneh sapa wae kang nggawa Hp supaya gage dititipake ing guru BK. Setengah jam pelajaran Basa Jawa wis mlaku dumadakan ana swara lagu Sik asik sik asik dekat denganmu, Sik asik sik asik kenal dirimu lagune Ayu Tingting sing lagi hit saiki. Pak guru enggal nggoleki suara lagu iku sumbere saka ngendi. Miko sing rumangsa salah meneng wae. Dheweke lagi kelingan yen Hpne mau durung disilent. Pungkasane Pak guru ngerti yen swara iku sumbere saka Hp ing njero sepatune Miko.
“Miko mulih sekolah nemoni Pak guru ing ruang BK.” Pangendikanipun Pak guru kanthi seru.
Miko mung manut lan pasrah.
“Wis dakkandhani bola-bali ora kogatekake saiki yen wis kenek ukuman awakmu lagi sadhar.” Kandhaku lirih.
Theeeeettt… theeeeet… theeeeet… theeeeet swara bel kaping papat pratandha yen pelajaran wis rampung. Miko age-age ngringkesi buku-bukune. Mulih sekolah Miko nemoni Pak guru, Miko nangis sesenggukkan, ngaku salah, lan janji marang Pak guru ora bakal mbaleni maneh. Dina iki akeh banget pelajaran-pelajaran sing bisa dadi patuladhan. Miko wedi menawa solah bawane iki bisa mirangake bapak lan ibune amarga kekarone minangka pawongan kang disungkani ing kutha kene. Sawise janji marang Pak guru Hp-ne Miko dibalekake nanging ora kena digawa menyang sekolahan maneh.

Esuk iki kaya biasane Miko mesthi diterake rodha papat nanging cahyane ora sumringah kaya wingi uni. Batinku iki mesthi amarga perkara Hp wingi.
“Mik, mbesengut ae mesem ta?” kandhaku karo njawil lengene Miko.
Miko mung meneng wae karo mesem kecut.
“Mik, endi BB-mu aku ajari BBM-an?” pitakonanku semu ngece Miko.
“Aku ora nggawa Hp To, aku bakal dadi bocah sing manut, sing ora nerak tata tertib sekolah. Aku wedi yen solah bawaku, tindak tandukku gawe wirange wong tuwaku.” Kandhane Miko.
Pancen wangsulan sing kaya mangkene iki sing dakkarepake saka Miko. Saiki Miko wis ora pethitha-pethithi maneh. Najan dheweke anake wong nduwe nanging ora sombong, ora mamerake kasugihane. Najan aku anake wong ora nduwe nanging dheweke gelem kekancanan raket karo aku. Muga-muga kekancananku lan Miko bisa langgeng selawase. Aamin

Cerpen Karangan: Erlin Kartikasari
Blog: erlinkartika.blogspot.com
Erlin Kartikasari
lahir di Kota Magetan, 28 September 1987

Cerpen Miko merupakan cerita pendek karangan , kamu dapat mengunjungi halaman khusus penulisnya untuk membaca cerpen cerpen terbaru buatannya.

"Kamu suka cerpen ini?, Share donk ke temanmu!"

WhatsApp


" Baca Juga Cerpen Lainnya! "


Salah Arti Bahasa

Oleh:
Di pagi hari yang cerah, kelas 8A yang berada di lantai dua SMP Nusa Bangsa sudah terlihat ramai. Murid-murid yang ada di dalam kelas itu sangat bersemangat memulai kegiatan

Permintaan Kesekian

Oleh:
“Pak aku takut” kataku sambil meraba-raba dinding untuk duduk di samping bapak di atas kursi panjang di samping jendela ruang tamu beralas rumah panggung. “Sini-sini” jawab bapak lalu tertawa

Pernikahan yang Kuharapkan

Oleh:
Desember 2021 tepat pada tanggal 15 aku yang lama menanti seorang kekasih pujaan hatiku untuk mendapatkan restu orangtuaku akhirnya disetujui juga. Malam sebelum maghrib tiba aku memohon kepada bapak

Pungkasan Enteni (Part 2)

Oleh:
Ing dina sabanjure Fany mulai akrab karo kanca-kancane Mika, kayata Prima, Adelia, Adena, lan Fitri uga kanca liyane. Dheweke seneng karo tekane Fany sing apikan. Dheweke mulai akur lan

“Hai!, Apa Kamu Suka Bikin Cerpen Juga?”
"Kalau iya... jangan lupa buat mengirim cerpen cerpen hasil karyamu ke kita ya!, melalui halaman yang sudah kita sediakan di sini. Puluhan ribu penulis cerpen dari seluruh Indonesia sudah ikut meramaikan cerpenmu.com loh, bagaimana dengan kamu?"

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *